BANJIR
Ing sasi Oktober taun
iki, musim rendeng wis wiwit teka. Nyatane saben dina udane nggrejeh tanpa
kendhat. Bisa seminggu udan terus tanpa leren, banjur rong dina leren ora udan.
Yen miturut petungan Jawa sing dianut simbah-simbah biyen, ing sasi Oktober iku
adate udane durung nggrejeh, bisa diarani lagi pisan pindho ing seminggune.
Mula ing wiwitane udan sepisanan bisa diarani mangsa labuh, amarga udane durung
ajeg. Kanthi anane udan sing terus-terusan mangkono iku, akeh ndadekake
kapitunan marang kadang tani. Amarga ing mangsa iki akeh sing isih padha
nenandur tanduran sing ora akeh mbutuhake banyu, kayata mbako, palawija lan
liya-liyane. Kanthi anane akeh udan, ndadekake tetanduran mau padha bacek lan
sabanjure mati ora kena dikukub.
Ing liya papan, sawise
akeh alas-alas sing padha dibabadi tanpa petungan, ndadekake papan-papan sing
wis gundhul mau akeh sing padha longsor, ditambah maneh yen lemahe ing tlatah
mau labil, gampang longsor. Durung maneh kali-kali sing padha mbludag nalika
ana udan sing tanpa leren, sabanjure ndadekake banjir lan padha ngelebi
omah-omahe pendhudhuk kang cedhak kali. Kaya sing saiki lagi dialami dening
masarakat ing tlatah kabupaten Banyumas, Kebumen, Purworejo lan sakiwa tengene
sing kalebu ing wilayah propinsi Jawa Tengah sisih kidul. Kanthi anane banjir
lan lemah longsor bisa ndadekake kapitunan sing gedhe tumrap para pendhudhuk.
Amarga akeh nyawa lan bandha sing arupa, omah saisen-isene, tanduran, kewan
ingon-ingonan lan isih akeh maneh bandha sing amblas ora bisa dikukub. Sakliyane
iku sawise banjir adate banjur padha ketaman lara, kayata diare, gatel-gatel,
lan desentri. Durung maneh bocah-bocah sekolah sing padha ora bisa mlebu amarga
sekolahane isih kebanjiran, rusak, utawa kanggo ngungsi pendhudhuk.
Kedadeyan-kedadeyan sing
bisa dumadi saben taun mau kudune bisa dikurangi ora malah tambah akeh
kedadeyane. Iku bisa katindake marang pendhudhuk lan pamarintah kanthi
bebarengan njaga lestarining alam. Sakliyane iku pendhudhuk uga dijaluk tenanan
anggone nduweni kesadharan tumrap pelestarian alam. Mokal menawa pendhudhuk ora
duwe kesadaran bakal ora ana banjir. Anane lemah jugrug iku amarga banyu saka
dhuwur ora bisa ketahan dening wit-witan ing ereng-erenging gunung, lan
sabanjure banyu mau bisa nglongsorake lemah lan dadi jugruge lemah. Semono uga
pamarintah kudu nduweni sikap tegas marang pendhudhuk sing nerak angger-angger.
Sapa sing mbabad wit ing alas sing dilindhungi, kudu bener-bener diukum. Kanthi
mangkono pamarintah nduweni kawibawan ing tengahing masayarakat. Sumangga saiki
padha dipenggalih tenanan, amarga bencana alam iku sing nandhang bakale ya
masarakat lan pamarintah uga kena pulute amarga kudu bisa mbiyantu pendhudhuk
sing kena musibah.
Nyegah
banjir
Kanggo
nyegah dumadine banjir mung gumantung saka kesadarane warga anggone padha njaga
kahanan lan kalestarene lingkungan. Usaha kanggo nyegah banjir upamane
nganakake reboisasi, nandur tetuwuhan, ora mbuwang sampah sembarangan,
nggatekake kepriye murih dalan iline banyu bisa lancar. Kanthi mengkono
dumadine banjir bisa dikendhaleni lan dicegah saengga ora bakal nuwuhake tumrap
masyarakat.
0 komentar:
Posting Komentar