Alfa Computer : Jl Raya Watudandang Prambon Nganjuk (1/3an SMPN 1 Prambon)

Minggu, 10 Juni 2012

Banjir Boso Jowo


BANJIR


                        Sing diarani banjir yaiku banyu mili ing salumute bumi sing iline ngluwihi takeran utawa dalam miline banyu ora nyukupi. Perkara banjir bisa dumadi ing ngendi-ngendi. Kutha-kutha langganan banjir yaiku Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang, lan liya-liyane. 

                        Sejatine kabeh wong wis padha ngerti yen banjir iku mung dumadi ing mangsa rendheng utawa mangsa udan. Banjir isih kerep dumadi, jalaran kurang anane kesadaran saka para warga sing ora gelem nggatekake bab kalestaren lan resike lingkungane.

                        Banjir sing dumadi ing desa disebabake rusake lingkungan amarga polahe masyarakat sing ora nduweni tanggung jawab. Upamane, negori wit-witan ing alas kanthi sembarangan.Dene banjir sing dumadi ing dhaerah perkotaan utawa kutha-kutha gedhe disebabake dening masyarakat sing ora bisa ngatur kahanan serta ora gelem njaga resikane lingkungan. Upamane, wong mbuwang sampah sembarangan.

                        Kanggo nyegah dumadine banjir mung gumantung saka kesadarane warga anggone padha njaga kahanan lan kalestarene lingkungan. Usaha kanggo nyegah banjir upamane nganakake reboisasi, nandur tetuwuhan, ora mbuwang sampah sembarangan, nggatekake kepriye murih dalan iline banyu bisa lancar. Kanthi mengkono dumadine banjir bisa dikendhaleni lan dicegah saengga ora bakal nuwuhake tumrap masyarakat.
a.       Tanggapane :
Sakjane banjir sing dumadi ing Jakarta, Surabaya, bandung, Semarang lan liya liyane disebabake udan ing mangsa rendheng kang polahe masyarakat.
b.      Cara nanggulangi
1.      Aja negori wit – witan ing alas kanthi sembarangan
2.      Aja mbuwang sampah ing kali kanthi sembarangan
c.       Solusi
1.      Nganakake reboisasi
2.      Nandur tetuwuhan
3.      Ora mbuwang sampah sembarangan
4.      Ngateake kepriye murih dalan iline banyu bisa lancar.

0 komentar:

Silahkan Beri Komentar

Template by : kendhin x-template.blogspot.com