Alfa Computer : Jl Raya Watudandang Prambon Nganjuk (1/3an SMPN 1 Prambon)

Senin, 11 Juni 2012

teks pembawa acara pengajian


PEMBAWA ACARA




                                                            Dhumateng poro alim, ulama,, poro Kyai, poro sesepuh lan pinisepun ingkang kawulo ta’ati, Dhumateng Ibu-ibu jami’ah pengaosan ingkang Kulo Hormati.
Kaping sepindah sumonggo kito sami – sami muji syukur wonten ngersaninpun Allah Subhanahu Wata’ala dene punapa wonten wekdal dalu puniko kita saget makempal wonten meniko majelis tholabul ilmi. Kanti kawontenan sehat wal’afiat. Mugi-mugi anggen kita kempal meniko ndadosaken sababiah ipun ilmu ingkang manfaat, maslahah fiddini waddunya wal akhiroh ..... (amin)
Kaping kalehipun sholawat soho salam mugi-mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan jito Nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang sampun bimbing kito saking zaman jahiliyah menuju zaman nuroniyah inggih puniko adinul Islam.
Kaping tigonipun hajat ipun shohibul bait inggih puniko ngintun doa dhumateng sedoyo arwah leluhur ipun ingkang sampun sumare. Kanthi susunan acara :
v Kaping sepindhah pembukaan
v Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
v Kaping tigo waosan sholawat Nabi
v Kaping sekawan waosan kalimah tahlil
v Kaping gangsal siraman rohani
Lang ingkang terakhir penutup kanthi waosan doa.
Bapak-bapak soho Ibu-ibu ingkang kulo hormati. Sumonggo acara kito bika’ kanthi waosan sirotul Fatihah mugi-mugi acara meniko (lelampahan) kanthi lancar mboten wonten alangan setunggal menopo :

Acara selajeng ipun inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun waos deneng Ibu (sederek) ....................... dhumateng Ibu (sederek) ................... dipun sumangga aken.

                                    Mugi-mugi kanthi waosan ayat-ayat suci A-Qur’an kolowau saget mbeto barokah dhumateng ingkang maos lan dhumateng kito sedoyo ... (amin)
Acara kaping tigo inggih puniko waosan sholawat Nabi ingkang badhe dipun pimpin Dening sedherek (Ibu)......................dhumateng sederek  (ibu)............................... dipun sumangga aken.
Mekaten kalawau waosan shalawat nabi, mugi – mugi kita dipun aku umat ipun paringi syafa’at Mbenjang wonten dinten Kiamat ... Amiin
Acara kaping sekawan nggih puniko waosan kalimah Tahlil ingkang badhe dipun imami deneng ibu ........................... dhumateng ..................... dipun sumangga aken.
Makaten kalawau waosan kalimah tahlil mugi – mugi beto barokah dhumateng arwan ingkang dipun kintun.
Acara ingkang selajengipun inggih puniko siraman rohani ingkang badhe dipun dhawuhaken deneng panjenengan ipun Bapak.......................
Bapak soho ibu – ibu ingkang kulo hormati, bilih pengaosan dinten ahad .......... wonten dalem ipun ................... ingkang  ngayai tugas pembawa acara ......................... Qiro’at.................. sholawat................. deneng tahlil ipun dipun imami................
Ing mriki kulo dados pranoto acara milai awal hingga akhir wonten klintunipun anggen kawula matur, kulo nyuwun samodra pangapunten ingkang sak kathak – katahipun.


Dhumateng panjenenganipun Bapak .............................. dipun  aturaken.

0 komentar:

Silahkan Beri Komentar

Template by : kendhin x-template.blogspot.com