Alfa Computer : Jl Raya Watudandang Prambon Nganjuk (1/3an SMPN 1 Prambon)

Minggu, 10 Juni 2012

LEMAH LONGSOR


LEMAH LONGSOR



Udan ing sasi iki isih nggrejih. Mula lemah longsor dumadi ing papan ngendi-endi klebu ing tlatah Nusa Tenggara Timur, penere ing sacedhake kutha Ruteng. Malah lemah longsor kasebut tansaya ngambra-ambra dumadi ing pirang-pirang papan ing sakiwa tengene papan longsoran kang sapisan. Lemah longsor kang nggegirisi mau ngurug omah-omah ing sangisoring pereng kono. Korban tiwas wis mesthi ana. Malah miturut kabar luwih saka patang puluhan. Malah sebageyan maneh ana sing durung ketemu. Dene sing bisa slamet, ora wani mulih amarga isih keweden. Sabanjure padha ngungsi ing papan-papan kang dianggep aman. Luwih saka wong patang ewunan padha ngungsi.
Bab kang kaya mengkono mau iku bisa dumadi jalaran wit – witan sing gunane nyerep banyu mau padha dikethok. Ing indonesia prahara lemah longsor iku bisa dumadi ing wektu sasi November amargane ing sasi iku mau kedadeane udan saya ningkat. Saka lemah sing mrapak ing mangsa kanga mau banyu udan bisa mlebu ing sanare lereng lan ditambah pojok lereng sing ora rata saengga bisa nyebabake lemah longsor.
Dampak kang dituwuhake akibat prahara lemah longsor yaiku omah – omah lan bangunan ambruk, dhalan – dhalan rusak akibate warga kepeksa padha ngungsi ing omahe sadulurane. Tanah longsor iku bisa ngakibatake korban jiwa, korban jiwa mau ono sing urip lan ana sing mati amargane lemah longsor iku mau.
Kemangka awake dhewe yo kudu ngati ati. Amargo Gusti Allah sing weruh kapan prahara (musibah) mau teka dumadi awake dhewe kudu ngati – ati lan waspada ing daerah pegunungan mau memang papan sing kepenak di gawe ngilangake rasa lungkrah lesu lan nggoleki ademe ati. Kemangka aweke dewe kudu bisa njaga ndonya iki.

0 komentar:

Silahkan Beri Komentar

Template by : kendhin x-template.blogspot.com